Awal Keluarga Mbahe Angel

Awal Keluarga Mbahe Angel
tahun 1976 di Mageru

Rabu, 27 Oktober 2010

PANGUDO RASA

KIDUNG ATI TANGISE BUMI

Bumine nangis, Eluhe lumpur agawe giris
Bumine nesu watuk-watuk ndadekake lindhu
Bumi wis tuwa jare kiyamat wis arep teka
Iki pratandha bendune sing Maha Kuwasa.

Bumine sambat gununge gundhul alase dibabat
Bumi lara ati banjir bandhang anggegirisi
Ujare wong pinter alas sing subur minangka pager
Pagering bumi murih alam tetep lestari.

Aduh Gusti kula nyuwun pangapura
Kula niki sampun kathah dosa
Aduh Gusti Ingkang Maha Kuasa
Nyuwun luwar saking godha pangrencana.

Pra sedulur Tunggal Nusa Tunggal Bangsa
Aja conkrah lan aja sulaya
Bareng urip golek dalan padhang
Sujud sukur wonten ngarsane Pangeran.

Kidung ati pangruwat Bangsa sak Nagari
Mangga ndedonga dahuru inggala sirna
Cancut gumregut bebarengan mbangun Praja
Lestarekna alam murih bumine ora murka.

Foto Penghuni Rumah Kebon Asri 14 Sragen tahun 1960

Selasa, 12 Januari 2010

BAB NGRUNGOK AKE

Coba kabeh podo ajar ngrungokake omongane wong liyo. Sebab yen kowe kabeh ora biso ngrungokake omongan bakal rugi gede sebab ilang tambahan kawruh, kabar, rejeki lan liyo liyani. Mula coba usahakno paling ora sepisan sedino ajar ngrungok ake omongan wong liyo kanti bener ora mung kesusu pingin genti ngomong percoyoo sing ngrukok ake luwih akeh pikolehe tinimbang sing ngomong.

Jumat, 01 Januari 2010

SESANTI


SURO  DIRO  DJOJONINGRAT  LEBUR  DENING  PANGASTUTI

Istri

Istri

Mboku Roesmini

Mboku Roesmini

Simbah Putri

Simbah Putri
Mbah Putri Sukemi mboke mboku